Judul
: TRESNA TOH PATI
Karya : ANY ASMARA
Penerbit
: USAHA “KAWAN” CV
Tanggal terbit : 15 Djuni
1962
Tebal
: 38 halaman
Piyayi kuna kuwi jen arep
ndojokake anake nganggo dipetong disik. Neptune dina pasaran botjah lanang lan
wadon dietung, digunggung, bandjur dipara-para jen tinemu ala ora sida
digatukake. Saiki djamane wis madju, petungan kuwi ora mesti benere. Sing arep
nglakoni kuwi botjahe, jen anadudu wong tuwane, mula jen ana tindak sing peksan
kaja mengkono, kuwi klebu tindak kleru.Achmad, pengarang muda, sugih
tjrita, sugih kasusastran kang edi, peni, luwes, nganti bisa gawe sengseming
para maose kabeh, nanging dheweke miskin katresnan nganti nemahing pati merga
dajaning kawin peksan. Dheweke gandrung katresnan kalijan R. Adjeng Uminarsih,
dene Uminarsih uga mengkono, ananging wong tuwane ora setuju amarga petunganing
dina pasaran ora tjojok. Pungkasing Uminarsih
didjodohake kalijan wong lanang kersaning rama. Ati sedih kang dirasaake Achmad
ora bisa dilipur kanggo apa bae, dheweke nyoba lungo plesir menyang Semarang,
ton-tonen tjitrane Uminarsih tetep ora bisa ilang. Nganti sawidjining wengi
Achmad tekan sangarepe omah kang lagi duwe gawe, embuh omahe sapa ora weruh.
Bandjur mandeg saperlu arep ngrungoake krontjong. Bareng weruh penganten
sarimbit metu, dheweke kaget, ora njana jebul Uminarsih, awake ora kuwat
bandjur tiba semaput. Dheweke digotong menjang jero
omah, bareng wes sadar Achmad krasa isin lan kepengen menyat mulih. Bareng metu
saka kamar, ing djobo wis ana Uminarsih, bandjur Uminarsih menehi lajang kang
tekan ngomah bandjur dak watja karo Achmad, surasane Uminarsih dadi penganten
kuwi ora merga blendjani djanji karo Achmad dhisik jen arep urip bebarengan,
ananging amarga kersaning rama kang ndjodokake kalijan Dokter Trenggono.
Katimbang urip saben dina mung tansah ginoda ing rasa tresna bae, aluwung mati.
“Mas, pandjenengan dak enteni ana ing ngareping lawang kasuwargan.”, panutuping
lajang Uminarsih. Uminarsih bali ing pangajunaning Pangeran djalaran ngombe
ratjun.Let telung dina saka kedadejan kuwi Achmad
krungu kabar Uminarsih wes bali menjang ngarsaning Pangeran. Saja krasa
remuking ati Achmad, dheweke mlebu rumah sakit nganti pirang-pirang wulan ora
bisa mari, malah kang ana saja ora guna. Awit tiba mangsane Achmad wes ngrasa
bener ora kuwat, dheweke pesen kaliyan Any jen sakpungkure dheweke, kon gubah
sakabehing lelakone dheweke, dadekne tjrita saperlu kanggo katja benggala
tumraping masarakat kang iseh kelu ing panganggep kuna, bisaha didandani, kudu
melu enuting djaman, dadi ora kaja lelakone dheweke. Any anamung mangsuli
“Insya Allah”.Let sepasar Achmad sida bali menjang
pangajunaning Pangeran. Innalillahi wa’inna ilaihi rodjingun. Piweling : ora sisah njodokake anak nganggo etungan-etungan ora mesti bener tresna kang sedjati iku nganti oncating pati kudu bisa nglaksanaake karepe rama sanadjan ora tjotjok karo karepe ora apik mati kanthi bunuh diri. ora blendjani njanji karo wong sing daktresnani
Tidak ada komentar:
Posting Komentar