Kenya ayu iku kerep katon
dhewekan. Praupane tansah nandang sungkawa.
Wis pirang-pirang dina iki aku
digawe penasaran karo kenya ayu sing tak temoni saben mulih kuliah. Sakjane ora
ketemu adhep-adhepan utawa mak sliwer ing panggonan rame. Ora kaya iku. Yen
entuk milih, aku kepengin ketemu dheweke ing swasana sing kepenak lan
nyenengake. Upama-a ora sengaja tabrakan, terus aku njupuki barang-barange sing
tiba, njaluk ngapura, basa-basi, kenalan, akrab, terus dadian. Ah yen bagian
iki tangeh nganggo lamun. Sinetron banget.
Kenya ayu iku praupane pucet
lan nandang dhuhkita. Yen tak umpamake kaya kulkas mlaku. Anyep, ora nduwe daya
sumringah. Jan-jane apa ta sing kok galih cah ayu? Upama gelem mesem lak ya
tambah ayu. Aku gelem ngrungokke apa wae sing pengen kok critake, yen iku bisa
ngurangi bebanmu. Ah aku iki sapa kanggomu wae ora jelas.
Aku ngerti dheweke saben aku
mulih kuliah. Aku mangkat mulih kuliah pancen ora nganggo kendaraan alias
mlaku, dadine aku bisa namatke apa wae ing samping kiwo tengenku. Tapi saka
kabeh sing tak tamatke, aku tetep penasaran karo omah tingkat cat putih sing
lantai loro-ne akeh wit bonsai. Ya ning kono iku aku kerep mangerteni kenya ayu
sing tansah lungguh sajak sedih, aurane suwung banget.
Ing sawijining dina, aku
sengaja mandheg ing ngarep omah gedhong iku ben isa suwe nyawang cewek
misterius iku. Jebul tenan, saben sore ngeneki dheweke mesti lungguh ing balkon
lantai loro karo bonsai-bonsai-ne. kaya-kaya dheweke ora nduwe kanca sakliyane
bonsa-bonsai iku. Ora krasa aku wis suwe ngadeg nyawang dheweke. Nganti aku ora
sadar yen dheweke gentian nyawang aku. Ah aku dadi salah tingkah, gage-gage aku
nerusake laku karo semu isin.
***
“Nik, lagi nglukis apa? Wah
nglukis cewek cah, sajake iku cewekmu yo Nik?,” Yudhi, kancaku kost ujug-ujug
ngageti, mbuyarke konsentrasi wae.
“Ah, ora kok, gur iseng wae
corat-coret Yud, apik ra?,” takokku marang dheweke.
“Ayu, tapi ketok suwung, sajake
lagi nandang branta ya?,”
Aku ora nggagas omongane Yudhi
sak banjure. Embuh bisikan saka endi, ujug-ujug aku nduwe rencana kenalan karo
cewek bonsai iku. Wis suwe ngerti blegere mosok durung ngerti jenenge. Tapi
kepriye carane kenalan ya? aku durung nduwe bayangan blas.
Sore iku sidane aku nekat
pengen kenalan karo cewek bonsai iku. Untung aku iki cowok, cah lanang, dadi ya
ora papa ta yen aku ngajak kenalan disik. Sawetara 15 menitan aku nyawang
dheweke, akhire aku wani “ say hello” karo cewek iku. Cewek iku mesem, lah
tenan ta, ayune sansaya katon.
“Aku Niko,” bengokku saka
ngisor.
“Endah,”
Endah, jenenge nggambarake sing
nduwe. Wis cukup kanggo dina iki. Sesuk aku mrene maneh. Endah, entenana tekaku
ya.
***
Lukisan iki tak bungkus rapi,
lukisan kenya ayu sing nduwe jeneng Endah, si cewek bonsai. Rencanaku arep
mampir maneh, menehke lukisane iki. Mesti seneng banget dheweke. Sisan kenalan
luwih adoh, sapa ngerti isa ngerti crita bab dheweke nandang sungkawa kerana
apa.
Aku wis tekan omahe Endah.
Nanging saiba gumunku, wong sing tak goleki ora ana. Biasane jam semene si
Endah bakal lungguh-lungguh ngalamun sing balkon kebak bonsai iku. Apa wonge
lara? Apa lunga? Tapi sak ngertiku kenya siji iki ora pernah absen lungguh ing
balkon iku saben sore.
Daripada penasaran, aku nyoba
mertamu. Aku uluk salam lan gedhogi gerbange sing lumayan dhuwur iku. Tapi ora
ana sing nyauri. Apa omah iki lagi suwung ya? pikirku.
“Mas, madosi sinten?,” aku
kaget, ana wong nakoki aku.
“Hmm.. Endah Pak, kenya ayu
ingkang saben dinten lenggah ing balkon nginggil niku,”
Bapake katon bingung. Aku apa
maneh. Wong aku iki lagi anyaran ning kene kok.
“Wah Mas, griya niki sampun
dangu dikosongke. Mbak Endah niku larene pak Branta ingkang seda bunuh diri,
sengaja dhawah saking balkon niku. Saklajengipun sadaya keluarga pak Branta
pindah saking mriki amargi mboten kuwat nandang dhuhkita,”
Jagadku peteng saknalika.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar