Rabu, 17 Januari 2018

Resensi  Novel  “ Kadurakan ing Kidul Dringu”




       I.                        Identitas Buku :
a)      Penulis             : Suparto Brata
b)      Penerbit           : Narasi
c)      Tahun  Terbit   : 2012
d)     Tempat Terbit : Yogyakarta
e)      Tebal  Buku     : 192 hal
f)       ISBN               : 979-168-305-0
g)      Panjang Buku  : 14x20 cm
h)      Jenis Kertas     : HVS



    II.                        Sinopsis Novel

Desa dringu menika wonten ing sawetanipun kutha Probolinggo,taksih kepetung trajange dalan gedhe Daendels. Nalika wonten ing taun 1947 Wimbadi dipun pindhah jawatipun wonten ing Probolinggo. Wimbadi mboten kedah pados pondhokan amargi wonten saderekipun saking sala wonten ing Dringu yaiku mbakyu Pandam, garwanipun mbakyu, mas Pandam  ngasta wonten pabrik gula. Mbakyu Pandam saweg ngandhut lan niate badhe babaran wonten Sala, dados Wimbadi saged ngancani Mas Pandam.Saben dinten Wimbadi nitih sepeda saking Dringu-Probolinggo. Amarga kantore mboten tebih sanget dados ngangge sepeda
Mbakyu Pandam mboten kagungan abdi, dados sedaya dipun cepeng piyambak. Gadhah ingon-ingon asu jenenge Tambur.



Dina iku tanggal 21 Juli awan-awan jam loro Wimbadi mulih saka kantor, akeh montormabur klinteran mbrengengngeng. Ngantos jam 4 sonten, Wimbadi lan mas Pandam sami-sami bingunge. Jebul swara montormabur lan swara bedhil-bedhil senjata api mau kuwi tandane perang. Wonten prahoto kang sejatosipun kangge momot-momot barang ananging prahoto menika malah momot-momot wong , banjur Wimbadi lan mas Pandam mlayu saka kana, liwat mburi omah nanging liwat mburi omah kedah mlumpati tembok kang dhuwure 3 meter. Lajeng mas Pandam mlumpat, Wimbadi bingung tapi melu ngetutaken mas Pandam, si Tambur jegog-jegog ana ing ngisor tembok, diprentah mas Pandam mubeng. Wimbadi lan mas Pandam mlayu liwati sawah, mas Pandam tiba ngrungkebi galengan, mas Pandam ora obah . Wimbadi bingung, Wimbadi mlayu saka kana lan nggolek panggonan kang aman. Nalika iku jaman-jaman walanda ngawontenaken serangan sasi juli 1947, objek-objek vital dipun bumihangusaken.



Wimbadi saiki wonten ing dusun sak kidulipun dusun Dringu. Wonten mriku Wimbadi sareng kaliyan pengugsi sanes. Wonten Dulmanan, Dasiyun, Martimbang lan Martimbul , Dul Genuk , Basuki, Kusman, mas Adi Waluya lan sapiturutipun. Wimbadi inggih tresna kaliyan Kenya ingkang ayu namanipun Kingkinarti. Piyambakipun ngarosaken benten nalika pepanggihan kaliyan Kingkinarti. Wimbadi nyuwun marang si Dulmanan supados piyambakipun saged cedhak kaliyan Kingkinarti. Wimbadi sampun nganggem pinten-pinten cara, nanging Kingkinarti mboten mendhel.



Kahananipun kutha Probolinggo sangsaya kisruh. Pemudha-pemudha wonten dusunipun Wimbadi mboten amung ngratapi kedadeyan sedaya menika. Nalika ndalu padha ngawontenaken serangan bebarengan. Padha nyabrang dalan Daendels. Ingkang dados kepala regu Mas Adi Waluya, wakil regu Ananta, Dul Genuk, Wimbadi, Basuki, Dasiyun, Dulmanan, Martimbang lan Martimbul, Kusman. Ananging wonten serangan menika Dul Genuk kena peluru lan sekarat. Para pemudha inggih menika bingung amargi Dul Genuk ketembak tentara walanda. Lajeng Dul Genuk dibekta wonten dusun malih, wonten ing dusun menika para pemudha bingung amarga peluru menika kedah dipundhut supados Dul Genuk mboten ke lara lara, badhe wonten mantra tebih, kahanan inggih mboten saged dipun paksa, ketua regu lajeng damel undian kangge sinten tiyang ingkang kedah nembak mati Dul Genuk, supados Dul Genuk mboten ke lara-lara. Dasiyun kang kedah nembak Dul Genuk. Kedadeyan menika sedaya ugi ndamel perkawis ingkang boten rampung , Dasiyun bunuh diri, Kusman kenthir. Wibadi sangasaya bingung dening kahanan menika, lajeng piyambakipun tindhak saking dusun menika pados panguripan ingkang langkung tentrem, kutha Sala ingkang dados tujuan. Wonten Sala Wimbadi saged pepanggihan malih kaliyan Kingkinarti, ingkang jebul saweg ngandhut. Kingkinarti lajeng nyariosaken kedadeyan saksampunipun Wimbadi kesah saking dusun menika.



Pepeling : Kita boten pareng ajrih lawan para penjajah, menika samoun dados kewajiban para WNI ingkang sae, berkorban jiwa raga kangge bangsa tercinta. Kita ugi ampun amung ratapi nasib ingkang saweg dipun adepi ananging kedah usaha supados saged urip raharja mulya lan bahagiya.



Judul               : TRESNA TOH PATI

Karya            : ANY ASMARA

Penerbit           : USAHA “KAWAN” CV

Tanggal terbit  : 15 Djuni 1962

Tebal               : 38 halaman 


Piyayi kuna kuwi jen arep ndojokake anake nganggo dipetong disik. Neptune dina pasaran botjah lanang lan wadon dietung, digunggung, bandjur dipara-para jen tinemu ala ora sida digatukake. Saiki djamane wis madju, petungan kuwi ora mesti benere. Sing arep nglakoni kuwi botjahe, jen anadudu wong tuwane, mula jen ana tindak sing peksan kaja mengkono, kuwi klebu tindak kleru.Achmad, pengarang muda, sugih tjrita, sugih kasusastran kang edi, peni, luwes, nganti bisa gawe sengseming para maose kabeh, nanging dheweke miskin katresnan nganti nemahing pati merga dajaning kawin peksan. Dheweke gandrung katresnan kalijan R. Adjeng Uminarsih, dene Uminarsih uga mengkono, ananging wong tuwane ora setuju amarga petunganing dina pasaran ora tjojok. Pungkasing Uminarsih didjodohake kalijan wong lanang kersaning rama. Ati sedih kang dirasaake Achmad ora bisa dilipur kanggo apa bae, dheweke nyoba lungo plesir menyang Semarang, ton-tonen tjitrane Uminarsih tetep ora bisa ilang. Nganti sawidjining wengi Achmad tekan sangarepe omah kang lagi duwe gawe, embuh omahe sapa ora weruh. Bandjur mandeg saperlu arep ngrungoake krontjong. Bareng weruh penganten sarimbit metu, dheweke kaget, ora njana jebul Uminarsih, awake ora kuwat bandjur tiba semaput. Dheweke digotong menjang jero omah, bareng wes sadar Achmad krasa isin lan kepengen menyat mulih. Bareng metu saka kamar, ing djobo wis ana Uminarsih, bandjur Uminarsih menehi lajang kang tekan ngomah bandjur dak watja karo Achmad, surasane Uminarsih dadi penganten kuwi ora merga blendjani djanji karo Achmad dhisik jen arep urip bebarengan, ananging amarga kersaning rama kang ndjodokake kalijan Dokter Trenggono. Katimbang urip saben dina mung tansah ginoda ing rasa tresna bae, aluwung mati. “Mas, pandjenengan dak enteni ana ing ngareping lawang kasuwargan.”, panutuping lajang Uminarsih. Uminarsih bali ing pangajunaning Pangeran djalaran ngombe ratjun.Let telung dina saka kedadejan kuwi Achmad krungu kabar Uminarsih wes bali menjang ngarsaning Pangeran. Saja krasa remuking ati Achmad, dheweke mlebu rumah sakit nganti pirang-pirang wulan ora bisa mari, malah kang ana saja ora guna. Awit tiba mangsane Achmad wes ngrasa bener ora kuwat, dheweke pesen kaliyan Any jen sakpungkure dheweke, kon gubah sakabehing lelakone dheweke, dadekne tjrita saperlu kanggo katja benggala tumraping masarakat kang iseh kelu ing panganggep kuna, bisaha didandani, kudu melu enuting djaman, dadi ora kaja lelakone dheweke. Any anamung mangsuli “Insya Allah”.Let sepasar Achmad sida bali menjang pangajunaning Pangeran. Innalillahi wa’inna ilaihi rodjingun. Piweling    : ora sisah njodokake anak nganggo etungan-etungan ora mesti bener                    tresna kang sedjati iku nganti oncating pati                    kudu bisa nglaksanaake karepe rama sanadjan ora tjotjok karo karepe                    ora apik mati kanthi bunuh diri. ora blendjani njanji karo wong sing daktresnani

 CEWEK BONSAI, Kapacak ing Majalah Panjebar Semangat Edisi 2. 26 Januari 2013

Kenya ayu iku kerep katon dhewekan. Praupane tansah nandang sungkawa.
Wis pirang-pirang dina iki aku digawe penasaran karo kenya ayu sing tak temoni saben mulih kuliah. Sakjane ora ketemu adhep-adhepan utawa mak sliwer ing panggonan rame. Ora kaya iku. Yen entuk milih, aku kepengin ketemu dheweke ing swasana sing kepenak lan nyenengake. Upama-a ora sengaja tabrakan, terus aku njupuki barang-barange sing tiba, njaluk ngapura, basa-basi, kenalan, akrab, terus dadian. Ah yen bagian iki tangeh nganggo lamun. Sinetron banget.
Kenya ayu iku praupane pucet lan nandang dhuhkita. Yen tak umpamake kaya kulkas mlaku. Anyep, ora nduwe daya sumringah. Jan-jane apa ta sing kok galih cah ayu? Upama gelem mesem lak ya tambah ayu. Aku gelem ngrungokke apa wae sing pengen kok critake, yen iku bisa ngurangi bebanmu. Ah aku iki sapa kanggomu wae ora jelas.
Aku ngerti dheweke saben aku mulih kuliah. Aku mangkat mulih kuliah pancen ora nganggo kendaraan alias mlaku, dadine aku bisa namatke apa wae ing samping kiwo tengenku. Tapi saka kabeh sing tak tamatke, aku tetep penasaran karo omah tingkat cat putih sing lantai loro-ne akeh wit bonsai. Ya ning kono iku aku kerep mangerteni kenya ayu sing tansah lungguh sajak sedih, aurane suwung banget.
Ing sawijining dina, aku sengaja mandheg ing ngarep omah gedhong iku ben isa suwe nyawang cewek misterius iku. Jebul tenan, saben sore ngeneki dheweke mesti lungguh ing balkon lantai loro karo bonsai-bonsai-ne. kaya-kaya dheweke ora nduwe kanca sakliyane bonsa-bonsai iku. Ora krasa aku wis suwe ngadeg nyawang dheweke. Nganti aku ora sadar yen dheweke gentian nyawang aku. Ah aku dadi salah tingkah, gage-gage aku nerusake laku karo semu isin.
***
“Nik, lagi nglukis apa? Wah nglukis cewek cah, sajake iku cewekmu yo Nik?,” Yudhi, kancaku kost ujug-ujug ngageti, mbuyarke konsentrasi wae.
“Ah, ora kok, gur iseng wae corat-coret Yud, apik ra?,” takokku marang dheweke.
“Ayu, tapi ketok suwung, sajake lagi nandang branta ya?,”
Aku ora nggagas omongane Yudhi sak banjure. Embuh bisikan saka endi, ujug-ujug aku nduwe rencana kenalan karo cewek bonsai iku. Wis suwe ngerti blegere mosok durung ngerti jenenge. Tapi kepriye carane kenalan ya? aku durung nduwe bayangan blas.
Sore iku sidane aku nekat pengen kenalan karo cewek bonsai iku. Untung aku iki cowok, cah lanang, dadi ya ora papa ta yen aku ngajak kenalan disik. Sawetara 15 menitan aku nyawang dheweke, akhire aku wani “ say hello” karo cewek iku. Cewek iku mesem, lah tenan ta, ayune sansaya katon.
“Aku Niko,” bengokku saka ngisor.
“Endah,”
Endah, jenenge nggambarake sing nduwe. Wis cukup kanggo dina iki. Sesuk aku mrene maneh. Endah, entenana tekaku ya.
***
Lukisan iki tak bungkus rapi, lukisan kenya ayu sing nduwe jeneng Endah, si cewek bonsai. Rencanaku arep mampir maneh, menehke lukisane iki. Mesti seneng banget dheweke. Sisan kenalan luwih adoh, sapa ngerti isa ngerti crita bab dheweke nandang sungkawa kerana apa.
Aku wis tekan omahe Endah. Nanging saiba gumunku, wong sing tak goleki ora ana. Biasane jam semene si Endah bakal lungguh-lungguh ngalamun sing balkon kebak bonsai iku. Apa wonge lara? Apa lunga? Tapi sak ngertiku kenya siji iki ora pernah absen lungguh ing balkon iku saben sore.

Daripada penasaran, aku nyoba mertamu. Aku uluk salam lan gedhogi gerbange sing lumayan dhuwur iku. Tapi ora ana sing nyauri. Apa omah iki lagi suwung ya? pikirku.
“Mas, madosi sinten?,” aku kaget, ana wong nakoki aku.
“Hmm.. Endah Pak, kenya ayu ingkang saben dinten lenggah ing balkon nginggil niku,”
Bapake katon bingung. Aku apa maneh. Wong aku iki lagi anyaran ning kene kok.
“Wah Mas, griya niki sampun dangu dikosongke. Mbak Endah niku larene pak Branta ingkang seda bunuh diri, sengaja dhawah saking balkon niku. Saklajengipun sadaya keluarga pak Branta pindah saking mriki amargi mboten kuwat nandang dhuhkita,”
Jagadku peteng saknalika.